Sunday, 16 April 2017
Comment
Admin
Sunday, 16 April 2017
Cerkak Gunawan Budi Susanto
Doni Danardono pancèn lelananging jagad. Gak béda karo Janaka. Dhasar bagus rupané, pideksa dedegé, Doni anak lurah tur sugèh sisan. Mula gak nggumun nèk akèh cah wédok kepéncut marang dhèwèké. Gak prawan gak randha, angger dicedhaki Doni, mesthi lulut, mesthi kepilut. Banjur gang sedhélok cah wédok iku wis atut runtut gandhèng rèntèng mrana-mréné karo dhèwèké.
Dhasaré thukmis, Doni gak mok milut cah wédok siji-loro. Ning ndi paran, ning ndi nggon, angger ana cah wédok ayu mesthi disabani, dicedhaki, terus diyangi. Doni pancèn tukang ngentèk-ngentèkna cah wédok. Gak anèh nèk ana sing marabi dhèwèké Janaka. Malah suwé-suwé jengené kesilep, ilang. Ngantèk tekan ngendi aé wong-wong ngretiné jengené ya Janaka.
Sakjegé kuwi, aku karo kanca-kanca nèk nyeluk dhèwèké ya Janaka. Janaka Danardono! Aku sakkanca gak ngrèwès, gak nggapé, nalika dhèwèké protès. Aku malah duwé paraban sing luwèh pas kanggo dhèwèké. Janaka Kebundhed Kejiret Udhed!
La wis piyé? Gak kurang-kurang aku sakkanca mbélani nalika dhèwèké kudu ngadhepi wong-wong sing dioyok yangé. Gak kurang-kurang aku sakkanca ngélingna dhèwèké supaya marèni klakohané. Nanging dhasar thukmis, tibané urusané Janaka ya mok prekara wédokan aé. Kebulet kejiret udhed!
“Nèk prekara gelut, prekara gebug-gebugan, merga rebutan yang, aku karo kanca-kanca ijèh isa éwang-éwang. Ning nèk urusané wis tekan ngrusak wong omah-omah, ngrebut bojoné liyan, moh! Gak sudèk aku mélok-mélok, Jan!” ujarku nalika dhèwèké njaluk tulung merga digolèki wong Ngawèn mèh diantemi.
“Ndak kowé téga èh, Nang?”
“Téga! Nèk urusané wis tekan nerak pager ayu, téga gak téga aku kudu téga, Jan! Jal, wis ping pira aé aku karo kanca-kanca kudu ngadhepi wong-wong sing mèh nggebugi kowé? Wis ping pira? Gak kétung, Jan!”
“Mosok kowé gak téga laraku, téga patiku? Aku gak nerak pager ayu, Nang!”
“Gak nerak pager ayu apa? La sakjegé iki apa sing mboklakoni nèk gak nerak pager ayu? La ngapa wong-wong iku nggolèki kowé, mèh ngantemi kowé, nèk gak prekara iku? Apa ana prekara liya? Taèk èh!”
Aku wis gak nggapé nèh. Angger dhèwèké mara ning omahku, aku nglungani. Nèk gak ngono, aku ngloloni lunga angger ngreti dhèwèke mèh ning omahku.
Mula aku seneng nalika ketampa kuliah ning Semarang. Aku gak prelu éndha menèh angger dhèwèké nggolèki, wong wis gak urip sakkutha karo dhèwèké. Aku ya gak tau ngomong ning ndi olèhku kos. Kanca-kanca liyané uga wis mlencar. Ana sing kuliah kaya aku ning kutha liya. Ana sing bara kerja mboh ning Jakarta, mboh ning Kalimantan. Malah Antok saiki kerja ning Malaysia.
Aku dhéwé arang-arang mulèh Blora. Gak mesthi sesasi pisan. Malah suwé-suwé aku mok mulèh nèk nyedhaki bada. Mesakna wong tuwaku nèk angger sasi aku mulèh. Bapak lan Ibu mesthi kedupyakan, kangèlan nggolèkna utangan nggo nyangoni aku balik ning Semarang. Mula sak-isa-isa sakliyané kuliah, aku cekel gawé apa aé. Bethèké isa ngragati awakku dhéwé, gak ngangèlna wong tuwa menèh.
***
Sawijining dina aku ditimbali dhosènku, Pak Widodo Wikandana. Dhosèn basa Jawa ning kampusku kuwi ngersakna aku magang, ngréwangi panjenengané nalika nampa sambèn dadi panatacara. Wuah, aku ya sueneng èh. Wong sakliyané isa sinau manatacara, gak kétang sithik aku mesthi ya diparingi sangu.
Suwéning-suwé aku uga wis wani diculna dhéwé. Ya, mauné manatacara acarané kanca-kanca ning kampus lan ulang tauné bocah-bocah cilik ning kiwa-tengené omah kosku. Suwé-suwé munggah kelas manatacara sunatan. Saiki, bareng wis rong taunan aku ndhèrèkna panjenengané, kepèpèté kepèpèt nèk panjenengané kena alangan, ya aku sing nggentèni.
Bareng wis luwèh lancar nggonku manatacara, aku matur Bapak lan Ibu nèk ning kampung, ning désaku, ana sing nduwé gawé, aku gelem dadi panatacara. Wong ning désaku lak ya wis padha ngreti nèk aku kuliah ning Jurusan Basa lan Sastra Jawa Universitas Negeri Semarang. Sakliyané kanggo nggladhi awak supaya luwèh teteg lan trampil, siji gawé loro gawé minangka sedekah ngèlmu. Wong nèk manatacara ning désaku, aku gak tau gelem nampa bayaran kok.
Ning ndésa sithik mbaka sithik aku kawentar minangka panatacara mudha kang winasis. Wuah, jan-jané ya rodok isin nèk krungu tembung pangalembana kuwi. Nanging Bapak-Ibu dhawuh, aku gak prelu isin nanging uga gak prelu gemedhé nèk krungu pengalem kaya ngono.
“Anggep waé panyurung lan panjurung supaya kowé bener-bener patut, pantes, lan pinter manatacara,” dhawuhé Bapak. “Nanging ya kuwi, aja terus kemaki, kemlinthi, ngadi-adi.”
“Inggih. Sendika dhawuh, Rama.”
“Hus, rama-rama. Kaya ketoprak aé!”
Ibu sing lenggah ning sandhingé Bapak menyat, jemangkah menyang pawon. Bareng ngliwati aku, Ibu njenggung sirahku karo gumujeng. Aku nyengèngès aé. Ngreti nèk Ibu njenggung sirahku gak merga duka, nanging gemes. La wong aku lak ya guyon lèh, Lur!
***
“Nang, suk 5 Méi muliha Blora ya. Kowé kajaluk manatacara ning ningkahané Doni,” dhawuhé Bapak liwat tilpun.
“Doni ningkahan? Inggih, Pak, inggih. Ngèstokaken dhawuh.”
Wah, Janaka kawinan! Alhamdulillah. Muga-muga aé bareng wis kawin mengko, klakohané sing seneng nerak-nabrak-ngrusak pager ayu dadi kèndhang, ilang.
Mesthi aé aku seneng isa manatacara ning kawinané Janaka. Dikapak-kapakna aku karo dhèwèké tau dadi kanca kenthel. Malah kanggoné Bapak lan Ibu, Janaka wis dudu wong liya blaka. Wis kaya ponakané dhéwé.
Nanging bareng wis nyedhaki gawé, aku gak isa ndang mulèh Blora. Ijèh ana jejibahan sing kudu taklakoni. Aku ngréwangi Pak Widodo Wikandana manatacara ning pawiwahan agung palakramané Pak Sayuti Anggoro. Panjenengané mono panatacara kesuwur ning Semarang sing dadi guruné Pak Widodo. Nèk cara paguron silat mono, aku klebu putu muridé Pak Sayuti. Mula aku ngengkeng, péngin “pamèr kasudibyan” marang kakèk guruku kuwi. Hé-hé-hé….
Mula aku lagèk isa mulèh Blora sewengi sakdurungé acara. Dadi aku gak isa ketemu Janaka sakliyané dina ésuké ning pasamuwan.
Tan kocapa, ésuké nalika tekan omahé, aku kagèt bareng ngreti calon bojoné. Sakdurungé aku ngira bakal ketemu bocah wédok sing ayuné uleng-ulengan. Nanging jebul luput saka panduga. Mangka sakjegé iki gonta-ganti yang ping pira aé, Janaka mesthi entuk cah wédok ayu. La kok saiki, bareng rabi, malah gathuk karo wanita sing luwèh tuwa. Malah mèh sakbarakan karo ibuné. Gek rupané kaya Ndara Cangik.
Woalah! Piyé lèh iki? Janaka, Janaka…. Apa sing wis kedadèyan marang sliramu, Wong Bagus? Ha-ha-ha….
Aku bingung lan judheg. Piyé mengko nèk kudu nyandra pengantèn? Aku gak bakal kangèlan nèk pas nyandra ngantèn lanang. La nèk kudu nyandra ngantèn wedok? Apa ya aku tegel ngucap: menika ta ingkang pinang ngantèn putri, kadya widadari tumurun saking kayangan. Kadya Dewi Supraba ingkang sulistya ing warna, lantip ing panggrahita. Gandhes luwes lelagèyanipun, weweg wangun pawakanipun, kuning mrusuh pakulitanipun, padhang sumunar pasuryanipun. Boten benthèt sakrikma kémawon saking kasampurnaning jalma sang lituhayu Kèn Dèdès, tetungguling wanita kang nurunaken para raja gung binathara ing tanah Jawa. Ayu linangkung, mudha taruna kang yuswa….
Apa tumon?
Aku legeg, dheleg-dheleg ning ngguri padhi-padhi. Mula bareng ngreti dhukun mantèn wis bar olèhé macaki Janaka, banjur mèh macaki mantèn putri, aku mlebu kamaré Janaka. Aku nutup lawang, njaluk crita ana kedadèyan apa déné sang Dananjaya kudu dhaup karo Ndara Cangik.
“Critané dawa, Nang,” ujaré melas kaya tukang utang ditagèh pegawé bank thithil.
“Panjenengan saget paring atur cekak aos kémawon dumateng kula, sang Dananjaya lelananging jagad,” sautku ndhagel.
“Taèk! Gak usah ngenyèk.”
“Wis ah, intiné apa? Kejiret udhed?”
“Aku ngerah anaké, kena simboké!”
“Kok isa?”
“Mboh! Dipèlèt yaké.”
“La apa kowé gak isa golèk dhukun kon mbalèkna pèlèté?”
“Dhukuné luwèh kuwat, luwèh sedik!”
“Umuré pira? Ngko nèk nyandra aku kudu ngomong apa?”
“Gak urus. Kowé ngreti dhéwé, karo ibukem aé tuwa ndhèké. Kowé ngko gak usah ngomong apa-apa.”
“Lo, aku mboktanggap lak kudu nyangkem lèh, Jan?”
“Sakcangkem-cangkemem. Ning aja ngomong umur, aja nyandra dhèké.”
Woalah, sang Dananjaya, lelananging jagad…. Pripun menika? Pripun anggèn kula kedah atur uninga marang para rawuh sami bilih panjenengan nembé nandang sungkawa, kebundhed kejiret udhed? Dhuh, sang Dananjaya!
0 Response to "Kejiret Kebundhed Udhed"
Post a Comment